Saturday, October 9, 2010



Kembang klaras sing kok tandur ana tunggak pinggir gunung kae
ora bakal ngrembuyung
selawase
mbok entenana rina lan wengi
rendheng ketiga
prasasat
asat luh tangismu 
tan ana gunane
Coba ta ngadeg jejeg ing satengahing nalar 
tanpa nerak piwalering pepesthi 
angresula dumadining sangkan paran
Elinga
lungguhmu kang tinungkulan Lintang Setunggal

Ngundang urip sing wus kadhung tumekaning pati
apa bisa ?

.......................................
Lonk 2010

0 pangandikanipun Asli Wong Jowo: