Saturday, October 9, 2010



Parak isuk jagone kluruk
Yu Painem
Mesam-mesem
Sajak ayem
Ee,,teko ngendi yu?
Biasa,,,Dugem…
Segle’ng - segle’ng ora noleh ora ne’ngle’ng
Bablas
Tanpo mengo tanpo nggagas
Dhemit alas
Batinku
Di takoni ra nggace blas
Mbukak lawang mlebu ngomah
Lungguh dingklik
cilik
lumah lumah
trus
Mutah,,,
Byaah,,,
Kang Paijo biasane turu njobo
Kroso anget
Mak nyat,,
Mencolot teko kloso
Byuh,,
Ono opo?
Yu Painem sing wis memdem klecam klecem
Ngguyu bungah
Lali untu sing ompong tengah
Mbokne,,,!!!
Kang Paijo mbengok sak bantere
Gregah,,
Nyandhak sarung tanpo sandal
langsung sranthal
Ee,,nyang endi kang?
Wah,,ketiwasan,,,
Nabyak nabyak
Pager barang arep di terak
Mak bleber
Luwung minggir timbang di samber

Antarane
Limang menit kurang rong detik
Simbah Suro thinik thinik
Nebrang nebrang ora raup ora barang
Teko teko terus lungguh bablas silo
Mbakar dupo ngrapal montro
Komat kamit
Dhemit ora ndulit setan ora doyan
Cuh,,,
Banyu banger pas,,ceblok’e bener
Anyep anyep nyembur rai
Yu Painem malah tangi
Lho,,maneni?
Simbah suro kaget ora sronto
Duh Jagad dewo bathoro iki menungso kesurupan dhanyang ngendi yo?
Koq ra sebaene to,,,
Ngadeg
dheleg dheleg
Simbah Suro melu bludreg
“Wis Jo,,Entek ilmuku garing iduku, ra saguh aku”
Simbah Suro tobat mulih mlaku
Teng pundi mbah,,?
Meneng meneng campur mrengut paling nesu
Sak karepmu
Batinku

Weteng mules ra mangan pedhes
Sirah ngelu nggo ngempet ngguyu
Jiaan,,
Yu Painem pinter dugem , dhuwit bayem di enggo mendem
Yu Painem gaul tenan,pamit arisan balik klesetan

Yu Painem,,Yu Painem,,koq kesurupan setan ,,,
“Metropolitan”.

Jiaann,,,,!!!!!!!

---------------------------------------------------
Lonk 2010

1 pangandikanipun Asli Wong Jowo:

Sak Enenge Blog's said...

Iki tak woco eneh lee.... aku seneng neng tulisan iki......................