Tuesday, April 26, 2011



      Mbuh keneng apa,koq dumadakan aku kelingan marang lelakon dek jaman cilikanku semana.
Kang tan kena dipenggak,lan tan bisa didhadung,apa maneh disak'i yo ra bakalan nampung.
pokoke mak bedunduk ngono wae langsung mbrengkal elingku,nyangking esemku,dadi lan ngguyuku.
(Sing ngguyu aku, yen awakmu ngguyu yo sak karepmu,ora ngguyu yo sak legamu).

Mangkene lo ceritane.....ora ndalang ning mung njajal lambe..

Thok thok thok thok...


      Duk rikala semana,ing sawijining dusun kang aran Kulon Rowo,bengi wancine,udakara kira kira wis jam 12 sajake.
Tak sawang saka cakrug panggonan bocah nglumpuk,Mbah Suradi karo Mbah Amat olehe ndabrus koq saya serem sereme,gayeng gayenge neng emperan omahe.Apa ra asat gulune,apa ra cedhal ilate?,
Lha sabendina ngomong ngalor ngidul ning panggah judule, pancet lakone,apa maneh yen ra"Dhek Jaman Nom nomane"

      Pancene langite padhang kebak lintang,campur mbulan kang ngayang ayang.Nanging wis pendhak pirang jam ba'da solat isyak, para simbah sik panggah ngakak.Malah diserok serokke suarane.
      "Wakakakakakkk...mosok to Di?" mangkono pitakone Mbah Amat.
   "Lah,,iya..mbok picek bleg to Mat,ra ngapusi aku.." semaure Mbah Suradi.
       "Koq isa mangkono? wani kowe Di?"pitakone Mbah Amat maneh.
  "Lho,,ra wani piye to..!!" Mbah Suradi nyamber wangsulan.
    "Wis jelas jelas si Sukiyem ki biyen rak pacanganku ,koq ugal ugalan Saimo wani ngganggu,yo ra kakean omong,langsung wae,bras bres bras bres tak antemi,tak dugangi ngarep mburi." semambunge metu ndopoke.
        "Pancen kowe sekti Di " Mbah Amat malah mbumboni.
   "Lho..piye to..!!! aja maneh jalma manungsa,jin setan priprayangan wae tak getak langsung bubar"
    "Wis jajah olehku munggah gunung mudhun gunung,,kabeh ngerti iki lo Suradi anak muride Mbah Gulung...wakakakakak!!!".tambah manteb kompane Mbah Suradi.
   "Percaya ra Mat?!?!" balik pitakone.
       "Ho'oh,," semaure Mbah amat karo mesem sajake.

 Ora angon wayah wong tuwa loro kuwi padha kompa kompanan,engkres engkresan ora ana pungkasan.


     Dasar bocah kakean polah,aku nyendal Gathot ngajak jarah jarah.Tumuju "Buk"(jembatan) cedhak cakrug alon alon thumuk thumuk.
   " Ayo Thot melu,,sipp poko'e.."
Tekan nggon papringan ,wit tak telung siji,tak tali pucuke karo tampar baluhe sarung karo sandal.
Tak uculake, sabar sedhela ngenteni korban.
Ora antara suwe dumadakan lintange ngilang,mbulane ngandhang.
Mak nyattt...Mbah Suradi ngadeg menyat.
    " Nyapo Di?" Mbah Amat kaget tenan.
    " Anu..arep mulih aku..nyilih sentere" wangsulane sajak nyele.
    " Waduuhh..entek baterene.."kandane Mbah Amat age age.
    "Yo wis..kesusu aku,lali rung tak pakani wedhusku.." Mbah Suradi nyandhak peci budhal bali.

      Saka kadohan dak sawang Mbah Suradi mlaku menggeh menggeh ra tolah toleh.
Saya cedhak,,saya cedhak,,tak jawil Gathot ,ngelungi watu ,tak uncalke keneng bonggol glugu.
    BLLUUUGGG.....
    "EEiitt..amit mbah,, sing mbahurekso "buk" growong,,niki putune nderek langkung..!!!"mangkono gremenge mbah Suradi sing ra patia krungu.
Lha suwe suwe..soyo cedhak,cedhak..cedhaakkk..passs tumekan panggonan sing dirancang.
Tali tak sendhal,,sreettt...wit pring mentelung,sandal gondal gandul,sarung goang gaung.
Mbah Suradi njerit melung melung...
     "Tulllluuuungggg....." mung ngono wae unine.
   Cep klakep nggeblak saking wedine.Aku mlenggong,Gathot ndomblong, Mbah Suradi tak candhak njur tak gendhong,nyeluk Mbah Amat sing wis mlebu senthong.
Sedhela wektu Mbah Suradi wungu.Mbah Amat takon nyapo mau.
      "Ana apa Di?",pitakone .
      "Walaahh Mat,,kui lo,,neng 'Buk' growong aku weruh dhemit Grandhong..hiiii"semaure sak geleme.

Tak lirik Gathot mecuca mecucu,timbang bacut ngguyu,luwih becik tak pamit mlayu.
      "Mbah,,nyuwun pamit wangsul,kula melu wedi niki.." kandaku ngawu awu.
    Padahal batinku:
      "walaahh mbah,,mbah..ra sumbut karo nek koyah. Munggah gunung mudhun gunung ,anak muride mbah Gulung,weruh sarung tulung tulung,,hehehe".


  ( Ngaturaken sedaya kalepatan lo mbah.Mboten dipindho ...estu ampun mbah..)

....................................................
Lonk. 2011, (sinau crita basa Jawa,yen kleru mbok dielingna,iki mung ngapusi ,yen padha berarti awakmu ya sing nglakoni).
Next
This is the most recent post.
Previous
Older Post

0 pangandikanipun Asli Wong Jowo: