Saturday, October 9, 2010



Nimas
sanajan sagunung dhuwure prasasat
kalangkung jerone segara umpama
tan bisa angayangi tan bisa anjajagi
sepira ta rasa katresnanku mring sliramu
arep midera sak jagad raya
yen mung ngupadi celaning tresnaku tresnamu
satemah tan bisa anggoleki
tak kira
Ananging Nimas
Sumunaring kencana kang nyawiji satengahing ati iki
njur tumiba ngglundhung
kesandhung
mring wewaler pranatan lan paugeran
bobot bibit bebet
apa iku
dudu mung krana iku

Amung mangertia
anane etang etung petang petung
ing tanah Jawa babagan iku wis kalebu sajeroning sumsum
etung dina kelawan dina
aja nggadhang abang ketemu irenge warna
kaya Wage temu Pahing  
ujare simbah sing tak eling
etung dina kelawan pasaran
utawa Neptu kang dadi aran
aja maneni
gunggunging neptu tumiba lara utawa pati
bakal bilahi 
mbuh akupun ra ngerti 
duh Gusti
dosa punapa kang kawula pundhi
ngantos kedadean punika saged kawula lampahi
Huhh  Nimas
coba ta tumedhaka sliramu marang pun kakang
wis
aja gawang gawang tangis
Mung bakal nambahi perih rasaning batin kaya diiris
amarga
nalika sun sawang tumetesing luh sungkawa
ana lara kang nyendhal nyendal jroning dada
ra kuwawa
nampani susah kang tumama

ra ngira ra ngipi sun babar pisan
yen wektu iki bakal malih crita kang pungkasan
sesuk isuk sak mlethe’king  surya 
mung wewayangan kang isih ana
nalika tak elus rambutmu
tak usap pipi lan irungmu
kang teles
marga netramu sing mbayu deres

Nimas 
nimas pepujaning ati
Umpama wis dadi pesthine
sliramu sliraku ra dadi jodhone
Ya wis arep kepiye
kepeksa  
lila ra lila ya dililakake
Lha wong pancen wis kadhung
anane TRESNA KANG KESANDHUNG ETUNG.
aku bingung

...................................
Lonk 2010

1 pangandikanipun Asli Wong Jowo: