Monday, December 27, 2010



           Mendhung kang regeneg regeneg saka kidul wetan sasat nggawa pratanda yen sedhela maneh udan bakal tumiba.Apa maneh hawane saiki wis tambah adem cas ces cas ces, amarga tumekaning angin kang saya santer. Lha…tenan ta, durung nganti tak titik panganggitku ,ricik ricik gerimis teka ngawiti udan,  nelesi lungguhku kang ana dingklik cilik sakngisore tritis omahe mbah Painem. Nalika ngeterake Gatot, kancaku sinarawedi wiwit jaman
SD
, nyampeake welinge simboke.


Dasar nasib yen lagi mujur,wis ditinggal umuk nganti ngantuk,lambe nganti ndomble, udane ngece panggah ra ana lerene.
    “ Piye ki Tot, koq blas ra terang terang ta udane?”, pitakonku marang Gatot kang isih meneng wae.
   
“Mbuh ya, sajake sik suwe Dul..” wangsulane Gatot sing ngadeq thingak thinguk sendhenan saka emperan.
     “Trus piye ki enake,apa ngembloh wae?.”
     “ Sebab bar maghrib aku ana kondangan nek omahe Pakde Jali,” ,
kandaku.
     
“Lha ana hajat apa kuwi?”, Gatot mbalik takon.
  “Mbrokohi sapine sing bar manak kae lo,mosok ra diundang ta”,
wangsulanku sinambi mesem.
      
“Waduhh  iya,lali aku,,,modar wis,rasida ngrasakne gurihe sega berkat”,
       “Padahal wis suwe ra mangan iwak pitik aku ,,hahaha” ,Gatot ndumuk bathuk banjur ngakak sakbantere lali nek untune gingsul ngiwa nengen sak jagung jagung gedhene.
   “ Tot,,aja banter banter nek ngguyu, idumu kui lo,,muncrat rana rene”. 

       Merga saking bantere nek ngguyu Gatot sing sampek ngablak cangkeme kui, mbah Painem kang lagi olah olah neng pawon malih metu ana ngarepan.
  
 “ Ana apa ta le,,koq sajake Gatot lagi seneng atine?”, pitakone marang aku.
      “Mboten koq mbah,,,menika kula nembe kemawon gegujengan kaliyan si Gatot” ,wangsulanku sakkenane.
    
“Yo wis nek ngono,simbah nerusake nek olah olah dhisik”.
    
“Aja ndang bali lo,,mangan dhisik,simbah iki mau nyayur bobor bayem senengane Gatot”
     “Nggih mbah..” wangsulanku lan Gatot bareng.

Banjur mbah Painem mlaku menyang pawon karo tangane ngobahake kinange sing tansah diemut mrana mrene.Sajake jan nyamleng tenan. Mbuh piye ya rasane,mbako koq dipangan,batinku.
   “Senenganmu bobor bayem ta Tot?”, pitakonku marang Gatot sing lagi garuk garuk sirahe.
   “ Walaahh,,kowe rung ngrasakne masakane Mbah Painem,,”
    “Jiann thok cerrr..uenukk tenan,tak jamin ketagihan kowe Dul..”, wangsulane karo menyar menyor lambene.

Kira kira antarane limolas menit aku ndabrus karo Gatot udan wis rada terang . Lagi wae aku arep ngajak pamitan eee..malah suarane mbah Painem celuk celuk ngongkon menyang pawon.
    “Tot,,kene kancane diajak mangan dhisik,wis mateng ki lo bobore”,
    “Yen durung mangan raentuk bali lo..ndang..”.
Gatot banjur ngadeg narik tanganku.
  “Ayo Dul,,keburu Maghrib ki, mengko malah ketinggalan kondangan ,apes wis,ra sida oleh gizi”.

Nalika tekan pawon,jebul pancenane wis cumawis mlaning.Semriwing ambune.
   “Wahh..seger tenan ki,cocok karo omongane Gatot”,batinku.
Dasare ya wis weteng luwe sebab wiwit awan blas durung kelebonan upa tekan seprene, tur jarene Gatot mantep masakane ditambah seger ambune, langsung wae bat bet bat bet  nyiduk sega telung enthong,nyiduk bobor bayem campur janten jagung telung irus.Sampek munjung meh amber piringku.
Banjur lep plung mlebu cangkem Dheg..Sak sendok aku mandheq ,,ah,, ra percaya,mosok iya.
Tak jajal noleh marang mbah Painem, panjenengane nyawang banjur mesem, mlaku menyang ngarep sinambi grenang greneng sing aku ra mudheng. Aku sungkan banjur nyendok maneh,
leepp..pluunngg..mandheq…dheg dheg..rasane koq aneh ya.
Tak lirik Gatot koq wis rampung,padahal biasane bocah iki nek mangan jian jemblung.Wahh..ana sing ra beres ki.
   “ Tot,,koq cepet temen awakmu mangane?,koq ngene rasane ya,”, bisikku lirih.
    “ Wis wareg aku, ngene piye ta?”, semaure alon ,neng karo dibarengi mrenges.
    “Rasane pait pait piye ngono,,koq kaya…”
Durung rampung kandaku dumadakan mbah Painem wis tekan pawon maneh
  
“Ndang padha dipenakne mangane”.
   “Nggih mbah…”.
Noleh maneh nyawang mbah Painem,panjenengane uga  nyawang. Dadine sungkan maneh,banjur nyendok sing nomer telu, nanging alon.Leeeppp…pluuunngg…dheg dheg muneg muneg..
   
“ Enak ta le?”, pitakone maneh.
    “Eca koq mbah”,  semaurku sing asline ngempet.
     “Wis dipenakne, simbah sik nggoleki barangku, koq lali ya tak selehne ngendi mau”, kandane mbah Painem sinambi mlaku mengarep maneh.
   
Sakpungkure mbah Painem menyang ngarep aku cepet cepet nyedhaki Gatot.
    “Tot,,mosok awakmu ra ngrasakne aneh bobor bayem ki” ,
     “Rasane pait,seret neng gulu” ,grenengku.
      “Rambut jagung kui Dul,,” ,semaure Gatot.
     “Mosok yen rambut jagung gedhe gedhe tur ulet  ngene, dudu kayane”,
     “ Rasane kaya anu”.
     “Apa? ”,Gatot semambung takon.
Durung nganti aku semaur,mbah Painem undang undang maneh, suarane sajake karo mlaku saka ngarepan.
“Tot,,awakmu tumon barange simbah ora le,,”
“ Mbok njajal direwangi nggoleki”.
“Mboten,,barang napa ta mbah Nem?”, pitakone Gatot.
Kui lo kinange simbah koq lali nek nyelehne mau, padahal wis kecut lambene njaluk di ganjeli”
 La dalah..
Krungu kandane mbah Painem ,langsung adem panas awakku,sak grontol grontol kringetku.
Jian pas karo angen angenku.Pantesan wae aneh rasane neng gulu,mesti kinange sing ilang wis katut tak pangan mau.
Mbah Painem lena ,sega tak suntak neng topiku, tak lebokne clana ,nyendal Gatot trus pamit, bablas mlayu lunga.
Nasib nasib,,sak jegene urip ya sik saiki keturutan mangan sayur bobor kinang khas mbah Painem .Nganti mendem.
Asyemmm…

********************

(Kinang ing daerah liyane uga diarani Susur)

(lonk)

1 pangandikanipun Asli Wong Jowo:

Sak Enenge Blog's said...

mblayu rene ah...........