Sunday, December 26, 2010



L
elampahan kang maneka sungkawa
Ojo sira tumeka
Ring salira bangsa kita
Oncat gage nira

Kadang sun wus asat ananing luh
Omber ing telenging tangis wingi
Siniram bah samodra mangambah
Obahing bumi tiwikramaning hardi
Ngalap sukma kawula alit tan ngapura
Gek salahe apa?

Sinawanga kae mring jasad mulya
Ilat manis murang tata
Jalma cidra pangandika
Iku sejatine kang pantes dimangsa

Sumunara warsa dumugi enggal puniki
Ingkang kebak gumbiraning ati
Jejeging pranatan jayaning negeri, mugi
Ing mbenjang ugi sak lami lami

................................


(Lonk).

0 pangandikanipun Asli Wong Jowo: