Saturday, November 27, 2010




Hei wong
aku Jawa
ra njawani
murang tata nungkak krama
lali basa ora wedi
dadi bocah ngumbar polah nggadhang bubrah
wejange simbah
wis bah bah
welinge simbok
tak buntel bundhelan kathok
nanging ceblok
banjur mlotrok
tiwas ndeprok
eeee
jebule aku bobrok

Hei wong aku ki Jawa
ra njawani

.................................................................

Lonk.2010.

4 pangandikanipun Asli Wong Jowo:

Sak Enenge Blog's said...

hahahhhaha..... adiku di... kakang sing teko yo di....! piye kabarmu...!

Gumirang said...

Jaman samangke kadosipun unggah - ungguh ugi toto kromo ical, mboten maleh dados budayane tiyang jawi.

Gumirang said...

Kulonuwun, nuwun sewu nderek nimbrung mas..

Unknown said...

Monggo2...sedaya kemawon dipun sekecaaken lenggahipun..Om Muji ,Mas Heri,,salam.